Sanepanipun Piyantun Nglampahi Gesang (2)

Salebeting paring piwucal dhumateng manungsa, Gusti Alloh lan Kanjeng Nabi shollallohu ‘alaihi wa sallam asring ngginakaken sanepa. Kados ingkang kaserat ing pustaka suci Al Qur-an serat An Nahl ayat kaping 92, “Sira kabeh aja padha tumindak kaya wong wadon kang ngudhari benang sawise dheweke ngenam benang kuwi mau kanthi kuwat, banjur dadi udhar maneh. Sira nggunakake sedyanira kanggo sarana pangreka daya ing antaranira amarga ana sagolonganing manungsa kang luwih akeh cacahe tinimbang sagolongan liyane. Sanepa punika wau ndhawuhaken bilih piyantun punika mboten pareng njabel punapa ingkang sampun dados sedya janjinipun, dene sedya janji punika wau ing ngarsanipun Alloh mujudaken perkawis ingkang mboten sepele. Makaten Alloh paring tuladha, bilih piwucal utawi da’wah punika ugi perlu ngginakaken sanepa. Amargi sanepa punika kadhang kala langkung gampil angrasuk ing salebeting manah, saengga saget tansah dados pangemut-emut dhumateng manungsa anggenipun nglampahi gesang miturut dhawuhipun Alloh ‘azza wa jalla.

Ing wekdal kepengker sampun kaserat babagan golongan piyantun ingkang kasanepakaken “piring reged”. Salajengipun badhe kaaturaken perkawis piyantun ingkang kalebet golongan “piring benthet”.
2 Piring benthet

Ing salebetipun hajatan, saget ugi piring ampilan kala wau lajeng benthet. Pramila, menawi piring punika dipun agem dening para rawuh, duduh dhaharipun badhe tumetes; malah saget ugi benthetanipun nyilakani, damel tatunipun tamu ingkang ngginakaken. Lan samangke, menawi dipun konduraken dhumateng Pak RT wonten ing kahanan makaten, mboten gumun yen Pak RT lajeng dhawuh, “Wis, buwang wae neng jugangan!”

Saenipun piring ingkang benthet punika dipun bucal lan dipun lintu saderengipun dipun agem malih dening tamu ingkang ngersakaken dhahar. Temtu kemawon, sakonduripun dhateng Pak RT, ugi bakal katampi kanthi renaning penggalih.

Piring benthet wau sanepanipun piyantun ingkang ruhipun.. manahipun.. risak amargi sesakit nifaq (munafiq). Piyatun ingkang nifaq, saget ugi amalan kasaenanipun kathah, nanging asring sinartan tumindak awon ingkang tuwuh saking sesakit nifaqipun. Mboten sekedhik piyantun sanes ingkang nandang kacilakan awit saking tumindakipun piyantun munafiq punika wau.

Lan dumugi titi wancinipun ruh wangsul dhumateng ngarsanipun Alloh, ruh ingkang nandang sesakit nifaq badhe dipun lebetaken dhateng neraka jahannam (QS At Taubah [9] : 68) ing papan utawi tingkatan ingkang paling andhap (“fid darkil asfali minan nar,” QS. An Nisa’ [4] : 145).

Pramilo, prayoginipun kula lan panjenengan sami tansah angatos-atos dhumateng sesakit ingkang dipun sebat nifaq punika wau. Menawi katitik pratandha wontenipun sesakit nifaq ing manah (ruh), nunten enggal-enggal kita enggalaken kasucenipun ruh kita kanthi lampah tobat ingkang satemenipun. Kanjeng Nabi shollallohu ‘alaihi wa sallam paring pangandikan, “Umpama sira tumindak ala (salah) saengga tumindak ala mau matumpuk-tumpuk sadhuwuring langit, banjur sira tobat kanthi satemene, mesthi Alloh bakal paring pangapura marang sira,” HR. Ibnu Majah saking Abu Huroirah rodhiyallohu ‘anhu.

#
3 Piring Pecah

(sinambung ing candhakipun)

You can leave a response, or trackback from your own site.

Leave a Reply