Sanepanipun Piyantun Nglampahi Gesang

piring

Jalma manungsa punika, kalebet kula lan penjenengan sami, nglampahi gesang satemah mundhi dhawuhipun Alloh ‘azza wa jalla. Rikala calon jabang bayi punika taksih wonteng ing guwa garbanipun ibu, Alloh nitahaken ruh saking ngarsanipun, dipun titipaken manungsa ingkang taksih wujud jabang bayi punika. Saderengipun, ruh punika wau mbaka setunggal sampun dipun pundhut paseksenipun, “a lastu birobbikum?” “Apa sira nyekseni menawa Ingsun iku sesembahanira?” Dene para ruh punika nuli sami matur kanthi jawaban, “Kasinggihan, kula anyekseni,” (Al A’rof [7] : 172). Ruh punika wau katitipaken ing kawontenan suci. Kanjeng Nabi shollallohu ‘alaihi wa sallam, ngendika, “ma man mauludin illa yuladu ‘alal fithroh,” “Ora kalairake jabang bayi iku kejaba lair kanthi kahanan kang suci,” (HR. Bukhori, Muslim).

Ruh punika wau menawi kasanepakaken piring, inggih punika piring ingkang dipun suwun ampil kanthi kawontenan ingkang sae tur resik; badhe kangge ngadani pesta utawi resepsi. Salebetipun resepsi, temtu kemawon piring punika wau kaangge, lajeng reged. Prasasat sasampunipun jabang bayi punika kababaraken, bayi punika wau mijil dados piyantun ingkang nglampahi gesang wonten ing alam donya. Yen nglampahi awisanipun Alloh, mila ndadosaken ruhipun reged. Dene yen piyantun punika wau lajeng istighfar lan tobat, ruhipun karesikaken malih.

Dumugi titi wancinipun pejah, ruh ingkang katitipaken lajeng dipun pundhut dening ingkang sejatinipun kagungan ruh, inggih punika Alloh subhanahu wa ta’ala. Pramila, sanepanipun ruh ingkang dipun konduraken dhumateng Alloh punika kados makaten..

#
1 Piring Reged

Sanepanipun, salah setunggaling warga sowan dhateng Pak RT. Warga punika wau lajeng matur, “Nuwun sewu, Pak RT. Sowan kula mriki badhe nyuwun ngampil piring. Kula badhe ngawontenaken resepsi.”

“Inggih, mangga. Mangga pun ginakaken sasae-saenipun. Ampun kesupen, mangke dipun konduraken maghrib,” makaten pangandikanipun Pak RT. Pramila, piring-piring punika wau lajeng dipun ginakaken ing salebetipun resepsi.

Ndilalah, jebul resepsinipun kalampahaken kanthi kirang sae lan tumata. Dumugi titi wancinipun maghrib, hajatan pesta kala wau dereng kasampurnakaken kanthi reracut lan reresik. Saengga ngancik wekdal maghrib, piring-piring ampilan kala wau dipun konduraken dhumateng Pak RT kanthi kawontenan ingkang reged.

Pramila, temtu kemawon, Pak RT kirang rena ing penggalih. Nanging, piring tetep dipun tampi, lajeng Pak RT utusan supados piring-piring punika dipun cuci rumiyin saderengipun dipun papanaken wonten ing rak utawi papan pasinggahanipun.

Sanepan punika menawi dipun trepaken dhumateng piyantun, kados piyantun ingkang ruhipun dipun pundhut dening Alloh, nanging ruhipun punika taksih rinegedan dosa awit saking tumindak durakanipun. Pramila, sasampunipun yaumul hisab wal mizan, saderengipun kapapanaken ing suwarga, ruh punika dipun cuci rumiyin, dipun resikaken saking dosa-dosa ingkang dereng ingapunten awit saking dereng dipun tobati. Wonten pundi anggenipun nyuci? Inggih punika wonten ing neraka ingkang geninipun mbulat-mbulat ngedab-edabi. Sasampunipun resik, nembe ruh punika wau dipun keparengaken mlebet suwarga. (HR Muslim, Ibnu Majah, saking Sa’id Al Khudri)

#
2 Piring Benthet

(sinambung ing candhakipun)

You can leave a response, or trackback from your own site.

Leave a Reply